"Cah kok senengane leles. Kaya ra nduwe pangan wae nang ngomah." Iku sing mbiyen kerep Ibukku ngendika marang aku. Sanajan saben dina wis dikandhani, aku sak kanca tetep wae ngeyel. Opo maneh cilikanku ki dasare bocah sing rada ngglidhik lan ra isoh meneng. Saben mulih saka sekolah, maem, banjur nggeblas dolan nganti surup hehe. Dolan nang kali golek iwak, turut kebon golek jambu, blimbing wuluh, linjo, asem, jamur, kacang, telo, jagung lan sak panunggalane. Menawa lagi mangsane jambu, yo golek jambu. Menawa mangsane kacang, yo golek kacang. Ing Bahasa Indonesia, iku arane "Sesuai situasi dan kondisi". Hehe...
Yen kelingan jaman semana ki yo marai ngguyu kemekelen. Lha wong pangan opo-opo wae ki wis cumepak nang ngomah. Sakdurunge dolan ki weteng yo wis isi. Eee lha menawa dolan ki kok yo isih leles woh-wohan. Kajaba kui, pangan sing dileles ki ora marai wareg babar pisan. Blimbing wuluh contone. Ndelok wujude wae wis marai kemecer ilate. Kok yo dipangan? Gek mangane kudu nganggo uyah ditutul-tutulke. Nanging mbiyen ki rasane seneng eram. Lha mergane mangane karo kanca bareng-bareng. Paling iku sing marai seneng.
Kajaba blimbing wuluh, pangan sing sakjane ora masuk akal dileles yaiku asem. Nang ndesaku, sing nduwe wit asem ki mung nggone mbah Rus. Menawa wis rada tuwa, asem-asem iku pada riglok. Nah, riglokan iku sing dileles karo cah cilik-cilik. Ana sing dipangan wutuhan, dipangan ditutul gula utawa digawe wedang asem. Menawa aku, paling seneng tak gawe wedang asem nganggo banyu panas campur gula pasir utawa gula batu. Enak banget sore-sore ngombe wedang asem anget-anget. Opo meneh nalika hawane adhem. Mak nyus tenan!
Sing orang kalah nyenengake yaiku leles kacang. Soale iku ora isoh kerep-kerep. Ana ing ndesaku, kacang mung isoh ditandur setahun ping pisan, pas mangsa ketiga. Nah, menawa ana sawah sing lagi bedhol (panen) kacang, bocah-bocah cilik kaya aku ki langsung grudugan mara nang sawah iku. Wit kacang sing wis dibedhol biasane wohe ana siji loro sing orang katut kebedhol. Aku sak kanca nggawa emes utawa cuthik kayu kanggo ngongkel-ongkel kacang sing isih kependhem. Menawa gelem telaten nglelesi setengah pathok sawah ki sak bocah isoh entuk setengah tompo. Kacang-kacang iku terus digodhog lan dipangan sak kanca. Enak tenan rasane.
Sing paling ngangeni nganti saiki yaiku leles jambu amarga nang ndesaku ki ana pirang-pirang warna jambu. Ana jambu isi abang, jambu isi putih, jambu kluthuk, jambu air, jambu krikil, lan sakpanunggalane. Jambu-jambu iku witte sumebar nang pirang-pirang panggonan saka panggonan sing gampang dituju nganti sing paling angel kayata, njero omah suwung sing wis ra ana gendhenge, kuburan, tegalan tebu lan perengan kali. Menawa golek jambu nang papan sing rada singup kaya ngono kui, rasane kaya uji nyali. Jane ki yo wedi, tapi diwanek-wanekke. Terus, sakdurunge menek wit jambune, adate aku sak kanca njaluk ijin dhisik karo penunggu papan kui. (Mbiyen aku percaya yen papan kaya mengkono kui dijaga lelembut sing wujude simbah-simbah). "Kula nuwun, Mbah. Nyuwun jambune nggih, Mbah", iku sing diocapake. Bareng wis entuk jambu okeh, langsung cepet-cepet lunga saka papan kui amarga keweden. Sanajan keweden, sesuk-sesuk yo isih dibaleni.
Saya gedhe, aku suwe-suwe mikir, leles ngono kui jane dosa opo ora to? Lha woh-wohan sing tak leles iku kan dudu kanggonanku utawa wong tuwaku. Menawa kaya mengkono, artine aku ra nduwe hak njupuk to? Nanging, woh-wohan iku mau kan wis tiba. Contone asem utawa pelem. Lha nek wis tiba ngono piye iku? Hak-e sopo? Wah wah, nek dipikirke tenanan jane yowis ngerti wangsulane. Bareng saya gedhe, aku dadi mudheng lan luwih ngati-ngati marang pangan sing kaya mengkono. Mugi-mugi gusti Allah paring pangapura aku sing mbiyen gaweane leles kui.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar