Telung taun kepungkur ana salah sawijining kedadean sing gawe geger wong sak ndesaku. Sakjane aku ora ngalami dhewe kedadeane, namung krungu crita saka Ibukku. Lha soale wektu iku aku isih kuliah nang Jogja lan pas ora prei. Dadine yo pas ana kedadean iku, aku pas ora ana nang ngomah. Critane tak wiwiti saiki yo?
Wektu kui sore-sore, kira-kira jam papat. Ibukku ndelalahe kedayohan sedulur saka Solo sing wis setahun luwih ora mara nang ngomahku. Ibukku kaget soale sedulurku kui mara karo nggendong bayi. "Bayine sopo?" batine Ibukku. Oiya, sedulurku sing mara iku pernahe nak ndulur karo ibukku. Dadi, miturut awune, Ibukku iku luwih tuwo. Yowis tak sebut sedulurku kui Lik A ngono yo! Lik A ki teka nang ngomahku karo bojone numpak Honda.
Ngerti ana sing teka, Ibukku gage-gage mbukake lawang lan ngakon mlebu. Bareng lungguh, dumadakan Lik A iku mau malah nangis. Lha, Ibuku opo ra tambah bingung? Gek ono opo iki?
"Mbakyu, sing gede pangapuramu yo", ujare Lik A karo nangis kesesegan.
"Lah, ono opo to?" pitakon Ibukku.
"Iki aku nggowo putuku sing nomor telu, lagi lahir terus tinggal."
"Walah!" Ibukku kaget setengah mati.
"Aku arep njaluk tulung, iki putuku dikubur nang kene. Soale nek nang Solo ki mbayare larang."
"Ya Allah, lha kowe ki mara-mara kok nggowo bayi mati? Lha kowe ngerti nang kene ra ono wong lanang. Gek Dita yo lagi ora mulih. Aku kon njaluk tulung sopo?"
"Sepurane, mbakyu. Aku yo bingung iki. Nang Solo keadaanku lagi orang apik. Mulane aku njaluk tulung sampeyan." Lik A mbacutake.
Ibukku dumadakan bingung. Gek iki piye? Krungu ana dayoh nang ngomahku, Lik Dal lan Lik Muji, tanggaku, mlebu omahku, mestekke sopo sing lagi teka. Bareng ngerti kedadeane, Lik Dal terus ngomong, "Yowis tak nyeluk Bu Lurah wae ben diputuske piye penakke." (Oiya, lurah nang ndesaku ki pancen estri. Dadi yo ra ana Pak Lurahe.)
Let pirang menit kui, Bu Lurah teka. Ibukku terus njelasake perkarane. Terus Bu Lurah takon, "Lha iki ana layang kematiane opo ora?" Lik A njawab, "Mboten wonten Bu!".
"Yo wis saiki ngene wae. Bocah iki tetep dikubur nang kene. Ngko uba rampene ben diurus wong kene. Saiki salah siji bali nang rumah sakit, njaluk layang kematian. Ngono yo!"
Kabar menawa ana bayi mati iku langsung gethok tular sumebar nang uwong-uwong sak ndesa. Tangga teparo langsung pada mara ewang-ewang nang ngomahku. Ana sing nyiapake kain kafan, uba rampe sing digowo nang sarean lan ana sing cancut tali wanda ndhudhuk kuburan. Mergane wektu kui wis sore lan arep maghrib, kabeh disiapke sak cepete. Pas adzan maghrib, si bayi kui mau wis rampung dipetak.
Iso mbayangke perasaane Ibukku? Ra ono udan, ra ono gludhug dumadakan kok entuk paketan bayi mati. Opo yo ibukku ora isin karo tangga-tanggaku? Untunge, Bu Lurah lan tangga teparoku ki pada enthengan kabeh. Nek ora enthengan, opo yo ora tambah mumet Ibukku? Bubar kadadean kui, pirang-pirang minggu tangga-tangga isih pada ngomongke paketan bayi mati kui. Kondang-kaloka sak ndesa Nglumbang-Besaran.
Sakjane Ibukku ki yo anyel. Wis suwe Lik A ki ora mara nang omahku. Lha iki, mara-mara kok malah gawe wirang lan repot. Wektu kui, ibukku wirang banget mergane dadi ngrepoti tangga-tangga. Tapi, yo alhandulillah akhire tangga-tangga ndadeake kedadean kui mung kanggo guyonan.
Telung taun bubar kedadean kui, Lik A blas babar pisan ra tau mara nang omahku maneh. Anake yo ngono'o. Si B (sebut wae ngono yo!). Lha kok yo tega tenan si B iki kok ra niliki kuburane anake. Untunge Ibukku ki wonge enthengan. Nek lagi nyekar simbah, kuburane anake si B yo melu diresiki karo Ibuku. Ibukku jane yo isih mangkel, tapi meh piye jal?
Ndelalah, dina Riyaya wingi si B teka nang omahku. Ibukku kan kaget. Meh nesu mencak-mencak ki yo ra patut. Lha wong wis tuwa kok nesu-nesu. Nek disawang uwong kan yo ra ilok. Yo wis ibukku mingkem wae. Ternyata, si B kui mara njaluk ngapura babagan kedadean telung taun kepungkur iku. Sujakna, Ibukku ki jembar atine. Moso' wong njaluk ngapura ora diwenehi ngapura?
"Yo wis ora opo-opo. Nanging kowe ki mbok yo sing ngerti unggah-ungguh. Wis ditulungi kok malah njut nggeblas ra ono kabar. Aku ora njaluk piwalesanmu. Mung, ngetok-a, mara. Diparani wae aku wis seneng." Iku pituture Ibukku.
Pas arep bali, Ibukku nggawani panganan, beras, endhog, mie lan gula. Ora ana bedane karo mbiyen-mbiyen menawa si B mara, mesthi baline digawani sembarang kalir. Anakke si B sing tengah yo malah diwenehi duit ben dinggo sangu sekolah. Pancen kaya ngono kui Ibukku. Yen ana sedulur sing mara, mesti opo wae pangan sing ana nang ngomah digawakne. Wis digawe wirang yo tetep wae gampang menehi ngapura lan isih tetep lumrah. Iki lho sing kudune tak tuladhani saka Ibukku. Seneng tenan aku nduwe Ibuk kaya ngene. Alhamdulillah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar