Translate

Rabu, 24 Desember 2014

Layang Semangat

Iki critane arep melu-melu "aktivis dunia maya" sing lagi hobi nggawe layang terbuka, istilah sing lagi trend yaiku "surat terbuka". Hihii.. Ing wektu iki aku sengaja nulis layang semangat iki kanggo adi-adiku ing SMA Karanganom khususe lan lare-lare SMA nang ngendi wae umume.

Ora krasa wis pitung taun aku lulus saka SMA-ku tercinta, yaiku SMA Karanganom, Klaten. #aseek! Dumadakan aku kelingan jaman kelas telu SMA, jaman nalika aku ngalami kebingungan yang luar biasa terkait masa depanku. Mau kemanakah aku setelah ini? (Sorry yo, bahasane campur bawur. Lha menawa nulis nganggo Basa Jawa terus ki kok yo angel je. Hehe). Oke, tak bacutake tulisanku yo! Ngene critane, mbiyen ki aku wis nduwe kepinginan arep kuliah. Tapi, bareng tak pikir-pikir, kuliah ki lak yo gedhe ragade to? Mbayar mlebune lan SPP-ne wae larang, durung maneh mikir kos-kosan lan mangan sak mbendinane. Wah, wah, kayane Ibuku ora bakal sanggup nguliahke aku. (Oiya, FYI, wiwit cilik bapak lan ibukku ki pisah, dadine aku urip karo Ibukku). Aku mikir, menawa aku kuliah, lak yo mesakake ibukku to? Hmmm... opo lulus SMA aku tak kerjo wae nang pabrik nang Solo utawa Boyolali yo? Aku sempet mikir mangkono.

Kanca-kancaku rata-rata wis podo nduwe gambaran arep nglanjutake kuliah nang ngendi. Wiwit munggah kelas 3 dheweke wis podo melu les nang ngendi-ngedi, jarene dinggo persiapan ngadepi Ujian Nasional, SPMB lan ujian mlebu universitas liyane. Lha aku? Sakjane aku yo kepingin melu les-les kaya mengkono, tapi aku ora tega njaluk duit ibukku. Ngerti dhewe to, biaya les-lesan iku pancen larang banget. Jaman semana wae angkane wis ngancik berjuta-juta. Rak yo aku mung isoh mringis to? Haha.. Ah, yowis rapopo. Disyukuri wae opo sing ana. Wektu kui, niat kepingin kuliah ki isih ana ing njero atiku. Mulane saben dino aku sinau mempeng. Aku njaluk tulung simbah kakungku tak kon nggugah aku saben jam 3 esuk, ben aku isoh sinau kanthi tenang. Terus, aku mempeng poso Senin-Kemis lan sholat dhuha pas jam istirahat pertama nang sekolahan. Iki ora pamer yo, iki jenenge ikhtiar. Hehe.

Ndelalahe, sekitar sasi Desember taun 2006 ana sak rombongan mahasiswa UGM sosialisasi babagan cara ndaftar UGM, beasiswa sing ana, lan sak panunggalane. Saka kono aku ngerti menawa UGM ki nyediaake beasiswa pirang-pirang sing salah sijine yaiku Beasiswa Penelusuran Bibit Unggul (PBU). Bocah sing lolos beasiswa kui bakal isoh kuliah nang UGM wolung semester gratis tis. Tapi, sak sekolahan mung isoh ndaftarke cah loro yaiku IPA siji lan IPS siji. "Info lebih lanjut, buka aja di website UGM", mangkono ukarane mas-mas UGM sing lagi sosialisasi mau. Dumadakan otakku rasane kaya murup. Aha! Kesempatan ki! Dino kui uga, mulih sekolah aku langsung mampir nang warnet ngarep gedung barat, jenenge Green Net, hehe.. (Mboh saiki isih ana opo ora). Wektu kui kabeh informasi lan persyaratan kanggo ngajoake beasiswa PBU iku tak catet. Sesuke, aku matur guru BK nyuwun supoyo aku diajukke beasiswa PBU iku minangka wakil IPS. Sakjane jurusanku Bahasa, tapi nang pendaftaran kui aku klebu IPS. Gandheng rata-rata biji rapotku sing wingi-wingi ki paling apik tinimbang kanca-kanca liyane, alhamdulillah aku etuk rekomendasi Kepala Sekolah kanggo ndaftar beasiswa PBU. Aku banjur nglumpuake persyaratan sing seabreg-abreg. Crita cendhakke, alhamdulillah aku ketampa jurusan Sastra Jepang UGM kanthi biaya Rp 0 nganti semester wolu. Rasane bungah tenan atiku.

Tekan kene, adek-adek mudeng to opo sing meh tak utarakke? Menawa awake dhewe nduwe kepinginan dan gelem usaha, Gusti Allah mesti paring dalan kok. Jangan takut bermimpi! "Bermimpilah, maka Tuhan akan memeluk mimpi-mimpimu" (Andrea Hirata). Man jadda wa jada, siapa yang bersungguh-sungguh, pasti dia akan berhasil (Pepatah Arab).

Critaku tak bacutake yo! Bareng mlebu nang UGM, aku lagi ngerti menawa kuliah ki angel. Tugase okeh tenan. Beda banget karo pas jaman SMA. Abot tenan rasane wektu kui. Mikir kuliah wae wis abot, aku isih kudu mikir golek gawean part time kanggo nyokong uripku. Alhamdulillah, ora let suwe aku entuk gawean ngelesi mata pelajaran bocah-bocah SD lan SMP. Dadine, esok tekan sore aku nang kampus: kuliah lan melu organisasi mahasiswa. (Aku melu BEM, Keluarga Muslim Fakultas Ilmu Budaya lan unit keilmuan jenenge HUMANIKA). Sore jam papat nganti bengi jam setengah sepuluh aku ngelesi privat. Mulih ngelesi, tekan kos isih kudu nggarap tugas kuliah. Saben dina ngono kui terus. Kesel banget rasane, tapi atiku lumayan seneng soale isoh berkegiatan macem-macem, ketemu wong pirang-pirang lan uga isoh tambah pengalaman. Soyo suwe kegiatanku tambah akeh. Aku dadi Tutor kanggo mahasiswa asing sing lagi sinau Bahasa Indonesia nang UGM. Aku uga melu pirang-pirang lomba sing diselenggaraake kampus lan njaban kampus.

Masa-masa petang taun kuliah ki yo abot tenan. Masalah dan ujian datang silih berganti. Tapi alhamdulillah Allah memberiku teman-teman yang baik dan selalu mendukung dalam kebaikan. Karena itu, menurutku sangatlah penting bagi kita untuk bisa memilih teman-teman yang benar-benar baik. Untunge, mbiyen ki aku sak kontrakan karo muslimah-muslimah sing pinter-pinter tur sholihah. Iki penting banget soale lingkungan itu akan membentuk kepribadian kita.

Patang taun kuliah ki yo ora saben dino abot kok, tenang wae. Hehe.. Ada masa-masa kita bisa tertawa lepas menikmati setiap pencapaian kita. Untukku pribadi, aku merasa Allah memberiku lebih dari apa yang aku usahakan. Aku bersyukur banget saat semester 6 aku menjadi juara 1 Nasional lomba pidato Bahasa Jepang pada PIMNAS XXIII di Denpasar. Aku juga bersyukur karena dengan komunitas yang ku rintis bersama teman-temanku bernama komunitas BOOK FOR MOUNTAIN, kami bisa berkeliling ke daerah-daerah terpencil dari Sumatra Utara sampai Sulawesi Selatan dan Nusa Tenggara Barat untuk membuat taman bacaan di sekolah terpencil di sana.

Akhirnya, November 2011 aku lulus. Oh ternyata, itu bukan akhir melainkan baru permulaan dari kehidupan yang sesungguhnya. Ternyata, jalan kehidupan ini memang tak selamanya lurus dan mulus. Ada saja kerikil tajam dan lubang-lubang yang menghalang. Tapi percayalah, semua itu akan bisa kita lalui asal kita mau berusaha dan percaya sepenuhnya pada pertolongan Allah. Ya, yang penting hadapi saja! Ah, untuk hal seperti ini bukankah kalian sudah paham kan ya?

Aku hanya bisa berdoa mudah-mudahan Allah Yang Maha Kuasa senantiasa menjaga mimpi-mimpi kalian! Jadi, terus bermimpi dan melangkahlah. Tidak perlu takut ya!


Dari almumni SMA N 1 Karanganom tahun 2007
Metias Kurnia Dita



Tidak ada komentar: