Translate

Senin, 29 Desember 2014

Nguri-uri Basa Jawi

www.sil.org
"Iki peta kahanan basa-basa daerah sing ana ing Indonesia. Saya mangetan, saya okeh titik abange. Titik abang iku nggambarake kahanan basa sing wis ngancik muspra. Tahun 2009 basa daerah ing Indonesia cacahe ana 719. Ananging, setahun kepungkur, salah sawijining Antropolinguistik nglaporake menawa basa daerah ing Indonesia mung kari 550", kandane Wiwit Fitriana, kancaku sing saiki lagi kuliah master Linguistik.

Krungu ukarane kancaku kui mau, aku kang orang pati ngerti babagan ilmu Linguistik banjur takon marang Wiwit. "Opo wae penyebab ilange basa daerah?" Wiwit banjur nerangake, "Sebab utamane amarga penuture ora nduwe rasa "kesetiaan bahasa", ing Linguistik iku kasebut "language loyalty". Artime, para penutur basa kui mau wis pada isin nganggo basa daerahe dhewe-dhewe lan seneng nganggo basa liyane sing dianggep luwih keren. Sing ping pindho, amarga penuture basa daerah mung kari simbah-simbah sing wis sepuh lan ora ana keturunanne sing gelem nguri-uri basa daerahe".

Dumadakan atiku dadi rada kuatir, piye menawa suwe-suwe basa daerah sing ana ing negarane dhewe iki muspra sawiji-sawiji? Opo ya awake dhewe trima menawa kui kedadean? Ora to? Mulane, ayo monggo diuri-uri basa daerahe. Ora perlu isin ngomong lan nulis nganggo basa daerah.

Aku saka lahir ceprot nganti lulus kuliah manggon ing tlatah Jawa. Saben ndina luwih asring migunaake Bahasa Jawa tinimbang basa liyane. Nanging, Basa Jawa sing tak gunaake kui mung Basa Jawa pasaran (ngoko), dudu Basa Jawa sing alus (krama). Menawa lagi matur karo piayayi sing luwih sepuh, kadang-kadang aku nganti gelagepan amarga kangelan matur nganggo Basa Krama. Menawa okeh bocah enom sing ora teteh migunaake Basa Krama kaya aku iki, Basa Krama kui mau mbok menawa bakal luwih cepet muspra.

Pramila, mangga sareng-sareng kita nguri-uri Basa Jawi supados basa kita punika saged langgeng dumugi wedal ingkang dangu. Rencang-rencang saking daerah liyanipun mangga panjenengan ugi nguri-uri basa panjenengan. Ukara kula punika mboten ateges nolak Bahasa Indonesia. Bahasa Indonesia tetep kita gunaaken wonten ing pergaulan nasional.


* Angel tenan nggawe tulisan nganggo Basa Jawa. Luwih gampang nganggo Basa Indonesia. Mulane, bubar iki aku kudu luwih mempeng sinau nulis nanggo Basa Jawa. Menawa dudu awake dhewe sing nguri-uri Basa Jawa, terus arep sapa?

2 komentar:

Cerita Mari mengatakan...

Njih mbekayune...aku yo tak komen nganggo boso jowo.ning yo iku, ko angel yo..:p

Perpustakaan Balita Ceria mengatakan...

Hahaa.. pancen og. Basa Jawa ki angel tenan. Mulane ayo diuri-uri :-)